Thursday, October 10, 2013

MC (PEMBAWA ACARA) ING DALEM AKAD NIKAH

  No comments
Poro rawuh sedoyo ingkang kulo hormati
          Ing dalem kesempatan ingkang bahagia niki, monggo kulo lan panjenengan sedoyo raos syukur dumateng allah, amargi wekdal siang niki kito dipun paring nikmat arupi kesehatan, sehinggo saat niki saget ndugeni undangan nipun bapak ……….. sekeluarga ing dalem acara akad nikah putrinipun ingkang asmanipun ……… ingkang angsal jodoh jaler asmanipun sederek ………
          Kaping kalihipun mugio keselamatan lan kesejahteraan tetep dipun curahaken dumateng nabi kito Muhammad SAW., keluarganipun, poro sahabtipun lan sedoyo pengikutipun
Undangan  sedoyo ingkang kawulo hormati
          Kito dipun kempalaken dumateng bapak ……. Sekeluarga wonten mriki panggenan ingih meniko; ingkang nomor setunggal supados kito nyumerepi lan nyakseni mbokbileh akad nikah utawi perkawinanipun putrinipun ingkang asmo …. Kaleh sederek …. Lan ingkang nomer kaleh inggih meniko kito dipun suwun supados ndongakaken dumteng penganten kekalih ingkang badhe ngelangsungake akad nikah utawi perkawinan nipun, ugi ing dalem gesangipun ing rumah tangganipun, mugio angsal bimbingan lan petunjuk ugi kesabaran ing dalem menghadapi pinten – pinten cobo lan uji
          Ingkang kulo hormati bapak naib lan poro undangan. Sak derengipun kito ing dalem acara saklajengipun inggih meniko, monggo kito awali acara niki kelawan waosan suratul fatikhah, supados kito sedoyo angsal barokah kelawan waosan surat al fatihah. Ilaa hadlrotin nabiyyil mustofa al fatihah……
          Kulo sameaken matur suwun kelawan waosanipun, mugi-mugi nopo ingkang dados hajat kito sedoyo di kabulaken allah SWT. Amiin yaa robbal alamiin.
          Selajengipun inggih meniko, waosan ayat-ayat suci al quran, wakdal niki badhe dipun sampekaken dumateng sederek…. Dumateng kiyambakipun kulo sumanggakaken.
--- WAOSAN AYAT-AYAT SUCI AL QUR’AN ----
          Mekaten kolo wau waosan ayat-ayat suci al-qur’an, ingkang dipun waos sederek …. , mugi-mugi nopo ingkang sampun dipun waos kolo wau saget nambahi keimanan kito dumateng all nikahah SWT. Khususipun shohibul hajat.
          Sakderengipun akad nikah dipun milahi, monggo kito pirengaken khutbah nikah, wekdal niki bade dipun sampeaken deneng al mukarom bapak …. , dumateng penjenenganpun wekdal dipun sumanggakaken.
--- KHUTBAH NIKAH ---
          Acara ingkang kaping tigo inggih meniko ngerupekaken acara inti, inggih meniko pelaksanaan akad nikah, dinten niki bade dipun pimpin bapak naib, panjenengan ipun selaku ingkang berwenang sakeng penganten putri. Dumateng bapak naib, wekdal dipun sumanggakaken.
--- PELAKSANAAN AKAD NIKAH ---
Sedoyo undangan ingkang kawulo hormati.
          Nembah mawon kito nyaksikaken sareng-sareng pelaksanaan akad nikah antawisipun sederek …. Kelawan …., ingkang dipun pimpin dining bapak naeb, mugio akad nikah kolowau dipun lampahi kaping setunggal niki mawon salami gesangiun.
Sedoyo  undangan ingkang kulo hormati.
          Selajengipun acara ingkang nomer sekawan niki ngerupekaken acara peling aakhir kiyambak, inggih meniko waosan doa, wekdal niki badhe dipun sampekaken deneng bapak……., dumateng panjeneganipun dipun sumanggakaken.
--- WAOSAN DOA ---
          Matur sembah nuwun, kawulo sampekaken dumateng al mukarom bapak …., ingkang sampun maosaken doa saat niki, mugi-mugi nopo inking sampun dipun waos kolo wau di kabulaken dening Allah.
          Selajengipun ngerupakaken penutup. Saderengipun acara niki kulo tutup. Kulo selaku pambiworo ing wekdal niki, mbok bilih wonten ucapan ucapan ing dalem maosaken acara dinten niki katah kalepatanipin, kulo atas name pribadi nyuwun agenge pangaksami dumateng poro undangan
          Ingkang akhir, perlu kito perhatosaken, mbok bilih poro hadirin saksampunipun acara niki kulo tutup supados undangan sedoyo istirahat sekedap. Karanten wonten kepentingan
Poro undangan sedoyo ingkang kawulo hormati

          Akhiripun, monggo kito tutup acara niki kelawan waosan hamdalah …. Wabilahi taufiq wal hidayah. Wasalamualaikum wr. wb

No comments :

Post a Comment