Thursday, October 6, 2011

pembawa acara bahasa jawa manten

  No comments
Dumateng panjenengan ipun poro pepunden poro pinisepuh sesepuh ingkang hanggung mastuti dumateng pepayaning kauntaman

Poro pangemban pangembating prasojo priyaning negari ingkang dados pandam pandame poro kausulo dasih ingkang simubo ing pakurmatan

Poro ngalim poro ngulama ingkang linten dalu tansah sumanding kitab suci wahyuning ilahi minongko pamundut dating kiblating panembah ingkang  satuhu luhur ing budi

Para tamu kakung sumawono putrid ingkang pakurmatan soho sinudarsono….

Sakdereng ipun kulo matur  wonten ngarso panjenengan sedoyo kula ngaturaken soho sukur dumateng gusti allah kanti sih rohmatipun kula saget sareng2 mangayu bagio ing bahargian menika

Rohmat takdim lan rohmat salam mugi tansah ngunjuk atur ngarso dalem  kanjeng nabi Muhammad ingkang dados panutan ipun umat ingkang bade paring sapangat kanti atur ALLAHUMMA SHOLI NGALI

Maddepo awit saking keparing ipun bapak ….. sekallian garwo kulo ingkang kapiteden hambuka wiwaraning suka wenganing wicara dwaraning kondo pinongko jejering pambiwara ngaturaken urut urancaning toto upacara ingkang sampun urakit wirancang poro kulawangsa tertamtu kalueraken ing paruwahan parsojo ing kalenggahan punika

Deene toto adicara ingkang bade kalempahan nggih punika ,,,,……

Ingkang ongko sepisan : inggih menika adicara pambuka
Ingkang ongko kalih  : inggih menika pambagio harjo saking  ingkang menggugati : ingkang bade dipun sarirani panjenengan ipun bapak ………
Ingkang ongko tiga : inggih menika atur pasrah saking wali pingatin kakung ingkang bade dipun sarirani bapak…….
Ingkang ongko sekawan : inggih menika atur panampi ingkang bade sariranni panjenenngan ipun bapak……..
Dene adicoro ingkang onkoo gangsal inggih punika umul do’a minangka purnaning adicoro

Poro rawuh kakung soho putri ingkang kinurmatan dene adicoro sak lajeng ipun inggih adicoro pambuko , dumaten ingkanng piniji kawulo aturaken………………..

mEkaten menika para rawuh adicara pambuka kaawula aturaken matur smbah nuwun.

Adicara  sak lajengipun atur pasrah dumateng ingkanng piniji kawulo aturaken …………
Mekaten menika para rawuh atur pasrah inking sampun gamlang soho wijaingkang sampun mboten kirang, kwula aturken matur sembah nuwun. Adicara sak lajengipun atur panampi ingkang dipun sarirani panjenengan ipun bapak………………

Poro raawuh, deneadicara sak lajeng ipun inggih menika doa penutup. Dumateng bapak ………………. Kula aturaken ..

Semanten poro rawuh adicoro ingkang saget kulo aturaken .
Kupat janure kelopo, menawi lepat nyuwun ngapuro
Horizontal Scroll: Ahmad dwi sovana ,, sms ke 085853457795 . maalma itb (is the best)
 





No comments :

Post a Comment